Rabu, 10 Agustus 2011

AYAHANE TEMBUNG

Ayahane tembung uga diarani lungguhing tembung ing basa Indonesia diarani “jabatan kalimat”. Ngudhal ukara manut ayahaning tembung ateges nggoleki perangane ukara sing diarani jejer, wasesa, lesan, utawa katrangan.
Ing basa Indonesia:
a. jejer = pokok kalimat = subyek
b. wasesa = predikat = sebutan
c. lesan = pelengkap = obyek
d. katrangan = keterangan.
Katrangan:
1. Jejer.
a. Ing ukara aktif (tanduk) ateges perangane ukara sing nindakake pagawean.
b. Ing ukara pasif (tanggap) ateges perangane ukara sing diarani pagawean.
Tuladha:
1. Bapak maca buku crita.
2. Peleme dibalangi Tati.
2. Wasesa
Yaiku perangane ukara sing mratelakake jinis ing pagawean, mula wasesa tansah kedadean saka tembung kriya utawa tembung-tembung kang ginawe kriya.
Tuladha:
a. Mbak Dewi nampa layang.
b. Omah iku payone seng.
3. Lesan
a. Ing ukara tanduk (aktif) ateges perangane ukara sing dikenani pagawean.
b. Ing ukara tanggap (pasif) ateges perangane ukara sing nindakake pagawean.
Tuladha:
a. Ibu nggodhog wedang.
b. Layange ditampa Dhik Andhi.
4. Katrangan
Yaiku perangane ukara sing menehi katrangan marang jejer, wasesa, utawa lesan.
Tuladha:
a. Mau bengi Dhik Siti lunga rene.
b. Dhik Andang Arimurti diajak menyang Ngadireja.

Tuladhane ngudhal ukara manut ayahaning tembung:
1. Wingi sore Wuryanto nandur kembang ing latar.
K J W L K
2. Mau bengi Dhik Irawan diutus Pak Cip.
K J W L
3. Esuk-esuk jam 06.00 Bayumurti lunga saka omahe amarga nesu.
K J W K K
4. Dhik Andang Priyambodo diajak kancane menyang Ngadireja.
J W L K
5. Tuku buku gambar ing toko Usaha.
W L K
Read More - AYAHANE TEMBUNG