Sabtu, 19 Maret 2011

Kisi – kisi Ulangan Tengah Semester II Bahasa Jawa

1. Nulis layang
2. Tanggap wacana ( pidhato )
3. Geguritan
4. Jinise tembung
5. Unggah – ungguh basa
6. Parikan
7. Wangsalan
8. Dhapukane tembung ( Jejer – wasesa – lesan – katrangan )
9. Ukara camboran ( kalimat majemuk )
10. Paragraf ( ukara inti )
Read More - Kisi – kisi Ulangan Tengah Semester II Bahasa Jawa

Kamis, 10 Maret 2011

Wacana

NULAD WATAK PAHLAWAN

Dening: Damar Sri Prakoso


Sawetara wektu kapungkur warga bebrayan Indonesia padha repot ngrembug prakara pantes utawa ora pantese tilas presiden RI Soeharto antuk sebutan pahlawan. Saliyane iku, nalika tilas Presiden RI liyane, Abdurrahman Wahid utawa Gus Dur seda, uga padha repot ngupayakake pahargyan pahlawan tumrap Gus Dur. Isih ana paku Buwono X lan saperangan tokoh dhaerah liya padha diejokake masarakat supaya diakoni dadi pahlawan. Ngrembug prakara ngenani pahlawan iki pancen ora ana rampunge, amarga saben wong duweni panemu dhewe-dhewe lan pamindheng dhewe bab pantes orane sawijining pawongan antuk sebutan pahlawan. Ngrembug pantes orane pawongan disebut pahlawan kala mangsa uga ndadekake pradondi ing masarakat, nganti gawe dedrah. Sawijining wong kang dianggep pantes dadi pahlawan, durung mesthi bisa ditampa dening liyan. Wong iiya bisa wae nganggep beda kanthi alesan rena-rena.

Nanging akeh-akehe sebutan pahlawan iku disandhangake marang para pejuang utawa priyagung kang wus seda. Sebut wae pahlawan revolusi korbane PKI. Para pejuang kamardikan. pemimpin perjuangan ing dhaerah kayata Cut Nyak Dien, Pangeran Diponegoro, Tuanku Imam Bonjol, Kapten Patimura. Gelar pahlawaniku dianugerahake dening pamarentah. Gelar pahlawan bisa uga disandhangake marang wong kang merjuangake sawijining prakara mligi, contone RA. Kartini kang merjuangake emansipasi wanita, Munir SH ya dianggep minangka pahlawan tumraping para aktivis hak asasi manungsa (HAM), saperangan mahasiswa kang nemahi pati nalika nana Karusuhan 1998 uga dianggep pahlawan dening para mahasiswa lan aktivis. Durung liya-liyane, nurut panyawange dhewe-dhewe. Bisa wae anak nganggep bapake utawa ibune minangka pahlawan kulawarga amarga wani rekasa lan adus kringet kanggo nyukupi kabutuhan kaluwarga.

Saka maneka warna conto ngenani pahlawan ing ndhuwur iku, ana dudutan kang padha. Wong kang, sinebut pahlawan yakuwi wong kang nduweni labuh labet marang nagara. Manawa anak nganggep bapak lbune minangka pahlawan, ya ateges bapak ibune mau nduweni labuh labet marang kulawarga. Wani ngurbanake awake kanggo kapentingan kang luwih utama lan wigati. Jaman dhisik, geguyuhane kuwi ora liya amung kamardikan. Mardika saka penjajah. Gelar pahlawan disandhangake marang wong-wong kang diakoni nduweni jasa gedhe marang nagara. Mula ora perlu gontok-gontokan ngenani pantes orane disebut pahlawan. Nanging kita patut nuladhani kabeh watak lan sipat becik kang ana ing para priyagung iku, utamane darma bektine marang nagara utawa kapentingan kang luwih utama.

Suprapto Suryodarmo, Pangarsa Padhepokan Lemah Putih kang mapan ing Plesungan, Kecamatan Gondangrejo, Kabupaten Karanganyar, uga nduweni panyawang dhewe ngenani pahlawan. Miturut Suprapto utawa Mbah Prapto, pahlawan iku wong kang nduweni sikep darma minangka tandha bektine mring kauripan. Sing baku, sikep kaya mangkono iku tanpa dilambari rasa pamrih. Kabeh sarwa ikhlas saka njero ati, lan dunung ngabektine iku ora awates kanggo leluhure nanging uga kanggo njaga kaluhuran. Darma bektine kanggo generasi sabanjure, kulawarga, lan lingkungan uripe.

"Bebasan sadumuk bathuk sanyari bumi. Jroning prakara tepa selira ora amung kanggo bela pati, nanging kanggo mbangun larasing urip, kanthi watak wirya utawa perwira," pratelane Mbah Prapto, nalika ditemoni sawetara wektu kapungkur.

Nanging kang prelu digatekake, jarene Mbah Prapto, yakuwi kawigatene pamarentah marang kauripane pahlawan kang ora adhedhasar saka pepati. Pahlawan iku bisa dimaknani pahalawan. Wong kang golek pahala kanggo kauripan, ora kanggo sawijining laku kang asipat radikal. Wani bela pati banjur diangkat dadi pahlawan.

Sejatine apa kang disebut pahala iku bias kanggo wong urip utawa sawuse mati. Prakarane, ukuran kanggo pahalawan iku sing kepriye? Samesthine awake dhewe. Contone pahlawan ing seni tradhisi iku sapa? Nalika ana pahlawan kang diakoni pamarentah ing wewengkon Indonesia, kayane ya prelu nuduhake pahlawan ing tanah lokal. Ing jagad seni tradhisi salah sijine. Ing tradhisi Jawa iku pahlawane sapa? Ing Sunda, Bali, lan liya-liyane," tandhese.

Prakara kang ora kalah rnigati yakuwi, masarakat Prelu nuladhani watak lan sipat para pahlawan kanggo sangu urip lan nggayuh kapentingan kang luwih utama lan wigati. Dene ing bencana kaya dene mbledhose Gunung Merapi uga tuwuh pahlawan-pahlawan kang wani nerak bebaya kanggo nylametake warga kang ana lereng Merapi. Sanajan ora bisa disebutake siji-sijine. Nanging wong-wong kang kanthi iklas mbiyantu warga kang lagi nandhang kasangsayan iku mujudake pahlawan. Apa maneh menawa kedadeyan sawijining uwong kasil nylametake nyawane pawongan liya, mesti uwong iku bakal dianggep pahlawan, paling ora tumrap kang wis dislametake.
Read More - Wacana

Dialek Kampungku

Balegondo iku salah sawijining dhusun ing desa Trosono kalebu Kecamatan Parang Kabupaten Magetan Propinsi Jawa Timur. Desa Trosono kaperang dadi limang dhusun yaiku : Dhusun Trosono, Klethak, Balegondo, Bedhoyo lan Glagah Ombo.Ing dhusun Balegondo ana rong kampong yaiku kampong Balegondo lan Meron. Aku lair nganti dadi remaja cilik ing kampong Balegondo iku.

Wis dadi jamak lumrahe manawa saben – saben kampong duwe dhialek dhewe – dhewe kang khas pocapane tembung utawa lagune basa. Mangkono uga kampungku duwe dhialek sing khas amarga ora padha karo liyane. Sanadyan ketok kampungan nanging ngangeni. Yeng krungu pocapan kaya mangkono iku,aku kudu ngguyu dhewe lan rasane aku kaya bali maneh marang jaman cilikanku biyen. Saperangan pocapan sing khas kampongku kaya ing ngisor iki :

1. Kowe roh pa ra = kowe weroh apa ora

2. Aku uwis kat engke neng kene = Aku uwis kawit mau eneng kene.

3. Kathokku serek kabeh = Kathokku suwek kabeh

4. Panase jan tenan = Panas banget

5. Neng pasar wonge sak emboh = Eneng pasar wonge akeh banget.

6. Aku gelem kok jak noke jajakna = Aku gelem kok ajak nanging jajakna

7. Aku arep nyang nggone iyung = Aka arep menyang panggonane Simbah Putri

8. Melua makmu kana = Melua bapakmu kana.

9. Aku gung adus = Aku durung adus

10. Kapan lehmu balik ? = Kapan olehmu bali ?

11. Nek luwe madhanga ! = Yen luwe mangana !

12. Kat biyen pancete = Kawit biyen tetep wae.

13. Dijaluk thithike kok ra oleh = Dijaluk sethitihik wae kok ora oleh.

14. Koweke piyeto ditekoki kok menenge = Kowe kuwi piye to ditakoni kok meneng wae.

15. Lehmu rene baturmu sapa ? = olehmu mrene kancamu sapa ?

Se
Read More - Dialek Kampungku

Tanggap Wacana ( Pidhato )

Tanggap wacana ( pidhato ) iku andharan kababar ing sangarepe wong akeh kanthi ancas kang gumathok.

Ancasing tanggap wacana iku umpamane :

1. Kanggo aweh ular – ular utawa pangerten,

2. Kanggo aweh panglipur, lan

3. Kanggo aweh daya pangaribawa marang sing padha ngrungokake.

Dene rantamaning tanggap wacana iku umpamane :

1. Salam pambuka

2. Purwaka, yaiku ngunjukake puja – puji marang Allah SWT lan matur nuwun marang para rawuh lan sing sabiyantu lumakune adicara;

3. Surasane basa utawa isining tanggap wacana, yaiku underaning bab kang diwedharake ;

4. Dudutan ( simpulan ), yaiku inti sarining wedharan;

5. Pangarep – arep, yaiku bab- bab kang dikarepake dening kang nindakake tanggap wacana marang sing padha ngrungokake; lan

6. Wasana basa utawa panutup, yaiku atur panuwun lan nyuwun pangapura mbok menawa ana klera – klerune anggone nindakake jejibahan.

Tanggap wacana, saliyane rantamane runtut lan isine mentes, prayoga katindakake kanthi :

1. Ngadeg jejeg kanthi kapitayan

2. Ulat nyenengake

3. Obahing sarira prasaja nanging tumanja

4. Swara ora kaseron uga ora kalirihen

5. Wiramaning swara kepenak dirungokake, lan

6. Bisa njumbuhake marang kaanan lan swasanane.

Gatekna tuladha tanggap wacana ing ngisor iki !

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Nuwun,

Para rawuh kakung miwah putri ingkang kula bekteni

Para kadang sutresna ingkang kula urmati.

Ing ngriki kula minangka sesulihipun Mbak Ratna, ingkang nembe pikantuk sih nugrahaning Gusti Allah SWT, awit dinten punika Senin Paing, surya kaping gansal welas wulan Juni taun 2010 Mbak Ratna tanggap warsa ( ulang taun ) ingkang kaping nembelas.

Keparenga kula ngaturaken sugeng rawuh, sugeng lenggah, sugeng pepanggihan lan mugi – mugi kanugrahaning Gusti Allah SWT gumelar ing katentreman lan kasarasan cumondhoka ing panjenengan sami.

Dene menggahing wigatos rawuh panjenengan punika dipun suwuni berkah pangestu murih Mbak Ratna anggenipun mengeti tanggap warsa ( ulang taun ) mimbuhi dhiwasaning pribadi. Sageda dados tuladhaning para mudha. Langkung – langkung sageda anetepi kekudanganipun Rama – Ibu. Inggih punika dadosa tiyang ingkang utami bekti dhateng Rama – Ibu, sumungkem ing Eyang lan para pepunden, mituhu dhateng agami, migunani tumrap nusa lan bangsa.

Wasana, mbokbilih anggen kula matur kathah kekiranganipun, kula pribadi nyadhong agunging pangapunten. Matur nuwun.

Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Read More - Tanggap Wacana ( Pidhato )

Senin, 15 Desember 2008

Pambuka

Bismillahirrahmaanirrahiim.
Assalamu 'alaikum warohmatullahi wabarokaatuh.
Nuwun, dhumateng kadang sutresna basa jawa, lumantar blog punika sumangga kita sareng - sareng ngangsu kawruh babagan basa jawi. Mugi - mugi kawruh sapala ing salebetipun blog punika wonten gina paedahipun dhumateng ingkang sami ambetahaken. Nuwun.
Wassalamu 'alaikum warohmatullahi wabarokaatuh.

Pucangan, 11 Maret 2011
Mas Sucitro

Read More - Pambuka