Senin, 19 September 2011

Kawruh Sapala

Ilang jarake, kari jaile
Ilang : ilang ( ind : hilang )
Jarak : wit sing dijupuk lengane kanggo nglunyokake mesin
Kari : kari ( ind : tinggal )
Jail : jail, dengki, anyel
Ilang jarake kari jaile = ilang wit jarake, kari winih rasa anyel
Ialng jarake kari jaile = wong kang kelangan watak becike, kari rasa anyel kang isih mapan ing atine

Ilang klilipe
Ilang : ilang
Klilip : regedan mripat
Ilang klilipe = ilang mungsuhe
Ilang klilipe = wong kang rumangsa aman lan tentrem, jalaran mungsuhe wus lunga ( mati )

Ilu – ilu kapiluyu
Ilu – ilu : jinise dhemit kang seneng ngetutake wong mlaku
Kapiluyu : kena godha
Ilu – ilu kapiluyu = melu – melu kagodha
Ilu – ilu kapiluyu = wong kang melu – melu tumindake wong liya amarga kesengsem omongan manis lan warta kang mbungahake
( Suyadi,BA ; Solo Pos, Kemis Wage, 8 September 2011 )

Tidak ada komentar:

Posting Komentar