Sabtu, 19 Maret 2011

Materi Pelajaran - Parikan

• Parikan iku unèn-unèn kang dumadi seka rong (2) ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigatèn, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake purwakanthi swara

Kang diarani parikan
Yaiku unen-unen mawa paugeran telung warna yaiku :
• kadedan saka rong ukara kang dhapukake nganggo purwakanthi guru swara
• saben saukara kadedan saka rong gatra
• ukara kapisan mung minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho.
Tuladha
Tawon madu, ngisep sekar. (Ukuran kapisan, 2 gatra). Calon Guru, kudu sabar (ukuran Kapindho, 2 gatra). Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatene wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi, Perlune, supaya ing sadurunge ukara kang isi utawa “wose” dikandhakake, wong sing nedya dikandhani wis ketarik atine, satemah banjur nggatekake, bisa ngerti temenan marang maksude ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).
Manut ( cacahing) wandane, parikan iku kena diperangi dadi telu, yaiku:
• Parikan kan dadadean saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2
Tuladha
Iwak bandheng, durung wayu (4 wanda + 4 Wanda) Priya Ngganteng, sugih ngelmu (4 wanda + 4 Wanda
• Parikan kan dadean saka (4 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha
Kembang adas, sumebar tengahing alas (4 wanda + 8 Wanda). Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 wanda + 8 wanda)
• Parikan kang kadadean saka (8 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha
Enting-enteng gula jawa, sabungkus isine sanga Ingatane para siswa, wajib seneng nggubah basa. ===Parikan sing kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) X 2 Parikan sing kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) X 2, saweneh ana sing ngarani parikan patang pada. Iku keliru, sebab tembung “pada” iku tumprap reriptan kanggone mung ana ing tembang. Dene yen tembung “pada” iku sing dikarepake kudu mung ora ukara, siji-sijining ukura kadadean saka 2 gatra: dadi kabeh ana 4 gatra Wondene carane nulis 4 gatra iku, kena bae didadekake 4 larik.
Tuladha kasebut kena katulis mangkane
Enting-enting gula jawa Sabungkus isine sanga Ingatase para siswa Wajib seneng nggubah basa
Parikan sing dianggo nggérongi lelagoning gendhing
Ing parikan iki dhapukaning ukara mesthi bae ora bisa tansah nglungguhi paungeran, sebab cacahing wandane kawengku ing laguning gendhing.
Tuladha
• Lelagon Parikan (Slendro Patet 9)
Cengkir Wungu, wungune ketiban daru (Dhu Ibu) Calon guru, kudu sabar momot mengku (Pm) Katarangan Perangan sing dikurung, yaiku (Dhu Ibu), iku wuwuhan, kanggo senggakan.
• Suwe Ora Jamu. Pelog Pathet 6
Suwe ora jamu, jamu godhong kencur Suwe ra ketemu, temu pisan maju mundur.
Carane ngarang parikan
Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”.Ukarane kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawise rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.
Klebu rerengganing basa
Parikan klebu rerengganing basa, sebab basa sing mawa parikan iku agawe senenge wong sing maca utawa sing ngrungokake. Guneman mawa parikan bisa njalari rame nengsemake.Gendhing digerongi nganggo sakepan kang mawa parikan, bisa marakake saya gayeng.
Thulada parikan warna telu
Parikan (4 wanda + 4 wanda) X 2
• Wajik Kletik, gula jawa
Luwih becik, sing prasaja
• Nang jeruk, jambu nanas
Rada watuk, ngelu panas
• Wedang bubuk, tanpa gula
Aja ngamuk, enggal tuwa
Parikan (4 wanda + 8 wanda) X 2
• Kembang aren, sumber tepining kalen
Aja dahwen, yen kowe pepengen kajen
• Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur
Kudu jujur, yen kowe kepengin luhur
• Kembang menur, den sebar den awur-awur
Bareng makmur, banjur lali mring sadulur
Parikan (8 wanda + 8 wanda) X 2
• Gawe cao nangka sabrang, kurang setrup luwih banyu
Aja awatak gumampang, ingatase calon guru
• Sega punar lawuh empal, segane pengenten anyar
Dadi murid aja nakal, kudu ulah ati sabar
• Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula
Piwelingku mring muda, aja wedi ing rekasa.

Purwakanthi parikan bisa digawe mawa petungan kang adhedhasar petungan wanda (suku kata).
4 wanda - 4 wanda
wajik klethik, gula jawa
luwih becik wong prasaja
jemek-jemek gula jowo
aja ngenyek padha kanca
4 wanda - 8 wanda
tawon madu, ngisep sari kembang jambu
aja nesu yen dituduaaké luputmu
kembang menur, den sebar den awur-awur
bareng makmur, banjur lali mring sedulur
manuk emprit, nggawa kawat ing wit waru
dadi murid, kudu hurmat marang guru
ana baya, mangan roti karo kanca
pengin mulya, aja wedi ing rekasa
8 wanda - 8 wanda
kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati
uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar