Kamis, 10 Maret 2011

Tanggap Wacana ( Pidhato )

Tanggap wacana ( pidhato ) iku andharan kababar ing sangarepe wong akeh kanthi ancas kang gumathok.

Ancasing tanggap wacana iku umpamane :

1. Kanggo aweh ular – ular utawa pangerten,

2. Kanggo aweh panglipur, lan

3. Kanggo aweh daya pangaribawa marang sing padha ngrungokake.

Dene rantamaning tanggap wacana iku umpamane :

1. Salam pambuka

2. Purwaka, yaiku ngunjukake puja – puji marang Allah SWT lan matur nuwun marang para rawuh lan sing sabiyantu lumakune adicara;

3. Surasane basa utawa isining tanggap wacana, yaiku underaning bab kang diwedharake ;

4. Dudutan ( simpulan ), yaiku inti sarining wedharan;

5. Pangarep – arep, yaiku bab- bab kang dikarepake dening kang nindakake tanggap wacana marang sing padha ngrungokake; lan

6. Wasana basa utawa panutup, yaiku atur panuwun lan nyuwun pangapura mbok menawa ana klera – klerune anggone nindakake jejibahan.

Tanggap wacana, saliyane rantamane runtut lan isine mentes, prayoga katindakake kanthi :

1. Ngadeg jejeg kanthi kapitayan

2. Ulat nyenengake

3. Obahing sarira prasaja nanging tumanja

4. Swara ora kaseron uga ora kalirihen

5. Wiramaning swara kepenak dirungokake, lan

6. Bisa njumbuhake marang kaanan lan swasanane.

Gatekna tuladha tanggap wacana ing ngisor iki !

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Nuwun,

Para rawuh kakung miwah putri ingkang kula bekteni

Para kadang sutresna ingkang kula urmati.

Ing ngriki kula minangka sesulihipun Mbak Ratna, ingkang nembe pikantuk sih nugrahaning Gusti Allah SWT, awit dinten punika Senin Paing, surya kaping gansal welas wulan Juni taun 2010 Mbak Ratna tanggap warsa ( ulang taun ) ingkang kaping nembelas.

Keparenga kula ngaturaken sugeng rawuh, sugeng lenggah, sugeng pepanggihan lan mugi – mugi kanugrahaning Gusti Allah SWT gumelar ing katentreman lan kasarasan cumondhoka ing panjenengan sami.

Dene menggahing wigatos rawuh panjenengan punika dipun suwuni berkah pangestu murih Mbak Ratna anggenipun mengeti tanggap warsa ( ulang taun ) mimbuhi dhiwasaning pribadi. Sageda dados tuladhaning para mudha. Langkung – langkung sageda anetepi kekudanganipun Rama – Ibu. Inggih punika dadosa tiyang ingkang utami bekti dhateng Rama – Ibu, sumungkem ing Eyang lan para pepunden, mituhu dhateng agami, migunani tumrap nusa lan bangsa.

Wasana, mbokbilih anggen kula matur kathah kekiranganipun, kula pribadi nyadhong agunging pangapunten. Matur nuwun.

Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar