Sabtu, 19 Maret 2011

Materi Pelajaran - Wangsalan

• Wangsalan kuwi tetembungan ing ukara sing disamun kayadéné cangkriman utawa batangané kasebut ing ukara candhaké mung dicangking wandané baé.[1] Wangsalan bisa dipérang telu yakuwi: wangsalan sajroning pacelathon, wangsalan èdi pèni lan wangsalan awujud tembang.
Wangsalan jroning pacelathon
• Njanur gunung, kadingarèn dolan mréné? (janur gunung = arèn)
• Ngrokok cendhak, bocah cilik ora kena neges-neges (rokok cendhak = tegesan)
• Jenang gula, aja lali (jenang gula = glali)
• Nggodhong garing, ésuk-ésuk kok wis nglaras (godhong garing = klaras)
• Balung klapa, éthok-éthok ora ngerti (balung klapa = bathok)
• Balung geni, mbokmenawa aku ora bisa teka (balung geni = mawa)
• Balung janur, sida lunga apa ora? (balung janur = sada)
• Balung pakèl, aja seneng alok-alok (balung pakèl = pelok)
• Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir (jangan gori = gudheg)
Wangsalan èdi pèni
• Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Ora gampang wong urip ing alam donya. (carang wreksa = pang, wreksa wilis tanpa patra = wit kayu urip)
• Kolik priya, wanara Anjani putra. Tuhu éman, wong anom wedi kangèlan (kolik priya = tuhu, Anjani putra = Anoman)
Wangsalan awujud tembang
• Kinanthi linging pitutur, kenthang rambat menyan putih, awasna dipun pratèla. Nolèha wiranging wuri, cecangkok wohing kalapa, kang dadi pathoking urip.
- kenthang rambat = tèla
- menyan putih = wlirang
- cecongkak wohing kalapa = bathok
Referensi
1. ↑ Kamus Basa Jawa (Bausastra Jawa) anggitan Tim Penyusun Balai Bahasa Yogyakarta
Sumber
• Kawruh Basa Jawa Pepak anggitan Daryanto S.S.
Retrieved from "http://incubator.wikimedia.org/wiki/Wb/jv/Kawruh_Basa_Jawa/Rakitan_Ukara/Wangsalan"

1 komentar:

  1. WynnBET Casinos & Resorts - Mapyro
    Get directions, reviews and information for WynnBET Casinos & Resorts in Las 태백 출장샵 Vegas, NV. 청주 출장샵 Hotel 안동 출장마사지 and Gambling 전라남도 출장마사지 Properties; Wynn 제주도 출장마사지 Las Vegas

    BalasHapus