Kamis, 10 Maret 2011

Wacana

NULAD WATAK PAHLAWAN

Dening: Damar Sri Prakoso


Sawetara wektu kapungkur warga bebrayan Indonesia padha repot ngrembug prakara pantes utawa ora pantese tilas presiden RI Soeharto antuk sebutan pahlawan. Saliyane iku, nalika tilas Presiden RI liyane, Abdurrahman Wahid utawa Gus Dur seda, uga padha repot ngupayakake pahargyan pahlawan tumrap Gus Dur. Isih ana paku Buwono X lan saperangan tokoh dhaerah liya padha diejokake masarakat supaya diakoni dadi pahlawan. Ngrembug prakara ngenani pahlawan iki pancen ora ana rampunge, amarga saben wong duweni panemu dhewe-dhewe lan pamindheng dhewe bab pantes orane sawijining pawongan antuk sebutan pahlawan. Ngrembug pantes orane pawongan disebut pahlawan kala mangsa uga ndadekake pradondi ing masarakat, nganti gawe dedrah. Sawijining wong kang dianggep pantes dadi pahlawan, durung mesthi bisa ditampa dening liyan. Wong iiya bisa wae nganggep beda kanthi alesan rena-rena.

Nanging akeh-akehe sebutan pahlawan iku disandhangake marang para pejuang utawa priyagung kang wus seda. Sebut wae pahlawan revolusi korbane PKI. Para pejuang kamardikan. pemimpin perjuangan ing dhaerah kayata Cut Nyak Dien, Pangeran Diponegoro, Tuanku Imam Bonjol, Kapten Patimura. Gelar pahlawaniku dianugerahake dening pamarentah. Gelar pahlawan bisa uga disandhangake marang wong kang merjuangake sawijining prakara mligi, contone RA. Kartini kang merjuangake emansipasi wanita, Munir SH ya dianggep minangka pahlawan tumraping para aktivis hak asasi manungsa (HAM), saperangan mahasiswa kang nemahi pati nalika nana Karusuhan 1998 uga dianggep pahlawan dening para mahasiswa lan aktivis. Durung liya-liyane, nurut panyawange dhewe-dhewe. Bisa wae anak nganggep bapake utawa ibune minangka pahlawan kulawarga amarga wani rekasa lan adus kringet kanggo nyukupi kabutuhan kaluwarga.

Saka maneka warna conto ngenani pahlawan ing ndhuwur iku, ana dudutan kang padha. Wong kang, sinebut pahlawan yakuwi wong kang nduweni labuh labet marang nagara. Manawa anak nganggep bapak lbune minangka pahlawan, ya ateges bapak ibune mau nduweni labuh labet marang kulawarga. Wani ngurbanake awake kanggo kapentingan kang luwih utama lan wigati. Jaman dhisik, geguyuhane kuwi ora liya amung kamardikan. Mardika saka penjajah. Gelar pahlawan disandhangake marang wong-wong kang diakoni nduweni jasa gedhe marang nagara. Mula ora perlu gontok-gontokan ngenani pantes orane disebut pahlawan. Nanging kita patut nuladhani kabeh watak lan sipat becik kang ana ing para priyagung iku, utamane darma bektine marang nagara utawa kapentingan kang luwih utama.

Suprapto Suryodarmo, Pangarsa Padhepokan Lemah Putih kang mapan ing Plesungan, Kecamatan Gondangrejo, Kabupaten Karanganyar, uga nduweni panyawang dhewe ngenani pahlawan. Miturut Suprapto utawa Mbah Prapto, pahlawan iku wong kang nduweni sikep darma minangka tandha bektine mring kauripan. Sing baku, sikep kaya mangkono iku tanpa dilambari rasa pamrih. Kabeh sarwa ikhlas saka njero ati, lan dunung ngabektine iku ora awates kanggo leluhure nanging uga kanggo njaga kaluhuran. Darma bektine kanggo generasi sabanjure, kulawarga, lan lingkungan uripe.

"Bebasan sadumuk bathuk sanyari bumi. Jroning prakara tepa selira ora amung kanggo bela pati, nanging kanggo mbangun larasing urip, kanthi watak wirya utawa perwira," pratelane Mbah Prapto, nalika ditemoni sawetara wektu kapungkur.

Nanging kang prelu digatekake, jarene Mbah Prapto, yakuwi kawigatene pamarentah marang kauripane pahlawan kang ora adhedhasar saka pepati. Pahlawan iku bisa dimaknani pahalawan. Wong kang golek pahala kanggo kauripan, ora kanggo sawijining laku kang asipat radikal. Wani bela pati banjur diangkat dadi pahlawan.

Sejatine apa kang disebut pahala iku bias kanggo wong urip utawa sawuse mati. Prakarane, ukuran kanggo pahalawan iku sing kepriye? Samesthine awake dhewe. Contone pahlawan ing seni tradhisi iku sapa? Nalika ana pahlawan kang diakoni pamarentah ing wewengkon Indonesia, kayane ya prelu nuduhake pahlawan ing tanah lokal. Ing jagad seni tradhisi salah sijine. Ing tradhisi Jawa iku pahlawane sapa? Ing Sunda, Bali, lan liya-liyane," tandhese.

Prakara kang ora kalah rnigati yakuwi, masarakat Prelu nuladhani watak lan sipat para pahlawan kanggo sangu urip lan nggayuh kapentingan kang luwih utama lan wigati. Dene ing bencana kaya dene mbledhose Gunung Merapi uga tuwuh pahlawan-pahlawan kang wani nerak bebaya kanggo nylametake warga kang ana lereng Merapi. Sanajan ora bisa disebutake siji-sijine. Nanging wong-wong kang kanthi iklas mbiyantu warga kang lagi nandhang kasangsayan iku mujudake pahlawan. Apa maneh menawa kedadeyan sawijining uwong kasil nylametake nyawane pawongan liya, mesti uwong iku bakal dianggep pahlawan, paling ora tumrap kang wis dislametake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar